Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 4:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon,gununge padalemane Pangeran Yehuwahbakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung-gunung,sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger,para bangsa bakal padha gumrudug mrone,

2. lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap:“Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah,marang padalemane Gusti Allahe Yakub,supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine,sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge,marga saka Sion bakal ana pituduh,lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”

3. Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa,sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe,nganti tekan panggonan kang adoh;pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen,lan tumbake kagawe arit;bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane,lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.

4. Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe,lan ana ing sangisoring wite anjir dhewelan ora ana wong kang gawe kagete,marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono.

5. Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumakuklawan nganggep allahe dhewe-dhewe,nanging kita bakal lumebu klawan nganggepasmane Pangeran Yehuwah Allah kita,nganti salawas-lawase lan ing sateruse.

6. Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina ikuIngsun bakal nglumpukake wong kang padha pincanglan nglumpukake kang pating blesarapadene kang wus Sundhawahi bilai.

7. Kang pincang bakal Sundadekake lajering turunlan kang katundhung dadi bangsa kang santosa,apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion,wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.

8. Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus,he, tenggere putri ing Sion,sira bakal katekananlan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik,yaiku keprabone putri ing Yerusalem.

9. Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora?Apa ora ana ratu ing tengahira?Utawa penasehatira apa wis padha tumpes,dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?

10. He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha,kaya wong wadon kang nglarani!Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kuthalan manggon ana ing ara-ara;sira kapeksa lumaku tekan ing Babil,ana ing kana anggonira bakal kapitulungan,iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sirasaka ing tangane mungsuhira.

11. Saiki akeh bangsakang padha manunggal nglawan marang sira,klawan pangucape: “Kareben dheweke dinajisake,mripat kita kareben bisa nyawang marang Sion nganti katog!”

12. Nanging wong iku padha ora sumurup kang dadi rancangane Pangeran Yehuwah;padha ora ngreti kang dadi putusane,manawa Panjenengane bakal nglumpukake para umat maukaya gedhengan gandum kang kagawa marang panuton.

13. He, putri Sion, tumandanga lan nutua,marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi,lan kukunira Sundadekake kaya tembaga,satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh,lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah,sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi.

14. Saiki sira kudu ngedegake balowarti;wong-wong wus padha gawe pager pangepungan kanggo nglawan marang kita;pipine kang mrentah Israeldigebugi dening wong-wong mau kalawan teken.

maca bab lengkap Mikha 4