Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 3:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta,he, para panggedhene Yakub,lan para pemimpine turune Israel.Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan,

2. he, sira kang padha sengit marang kabecikanlan dhemen marang piala?Wong iku padha ngeleti bangsakulan mbeseti daginge saka ing balung-balunge;

3. padha mangan daginge bangsaku,padha ngeleti kulite saka ing badane,padha ngremuk balung-balungelan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali,lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng.

4. Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah,nanging ora bakal disembadani.Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku,marga ala panggawe-panggawene.

maca bab lengkap Mikha 3