Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 2:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun.Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun,wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem,kang ora kepengin perang.

9. Para wong wadon panunggalane umatingSun,iku padha sira tundhungsaka ing omah kang disenengi,sarta rerengganing bayi-bayine peparingingSun,padha sira jupuk kanggo ing salawase.

10. Ngadega, budhala,awit ing kene iki dudu papan palereman kanggo sira!Marga saka kanajisan sira banjur bakal padha ketaman ing karusakan,malah karusakan kang ora kena dipulihake.

11. Manawa ana wong kang pinter ngothak-athik lan apus-apus, ngucap:“Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,”iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki.

12. He Yakub, Ingsun mesthi bakal nglumpukake sira kabeh,lan iya mesthi bakal nglumpukake kekarene Israel;Sunklumpukake dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang,kaya pepanthan ana ing satengahe pangonan,temah kaanan banjur dadi rame dening kehing wong.

13. Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe;padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono.Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe,sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan!

maca bab lengkap Mikha 2