Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 2:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Mulane bakal ora ana wongkang nguncalake tali kalawan undhian kanggo sira ana ing pasamuwane Sang Yehuwah.

6. “Aja medhar wangsit,” mangkono celathune,“wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku!Kita ora bakal oleh panajad.”

7. He, bani Yakub, apa bab iku kena dikandhakake?Apa Pangeran Yehuwah kurang sabar?Apa kaya ngene pandamele?PangandikaningSun iku rak beciktumrap wong kang laku bener?

8. Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun.Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun,wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem,kang ora kepengin perang.

9. Para wong wadon panunggalane umatingSun,iku padha sira tundhungsaka ing omah kang disenengi,sarta rerengganing bayi-bayine peparingingSun,padha sira jupuk kanggo ing salawase.

10. Ngadega, budhala,awit ing kene iki dudu papan palereman kanggo sira!Marga saka kanajisan sira banjur bakal padha ketaman ing karusakan,malah karusakan kang ora kena dipulihake.

maca bab lengkap Mikha 2