Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 3:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.

9. Sira wus padha kena ing ipat-ipat, ewadene sira isih nyulikani Ingsun, sira sabangsa kabeh.

10. Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?

11. Anadene walang memangsa bakal Sungusah, supaya aja nganti ngentekake pametune palemahanira, sarta wit anggur ing kebonira aja nganti ora awoh, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --

12. sarta sakehe bangsa banjur bakal padha ngarani rahayu marang sira, marga sira bakal dadi nagara kasenengan. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

13. Tembung-tembungira tumrap Ingsun iku digsura -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- nanging unjukira: “Kawula sami ngraosi Paduka kadospundi?”

14. Celathunira mangkene: “Ngabekti marang Gusti Allah iku ora ana gunane. Pituwase apa ta anggonku netepi pepakone, sarta lumaku kalawan manganggo bagor ana ing ngarsane Yehuwah Gustine sarwa dumadi?

15. Mulane wong sembrana dakarani rahayu, dene kang nglakoni duraka iku padha begja, sanadyan nyoba marang Gusti Allah, iya padha bisa oncat.”

16. Para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah padha rasanan mangkene: “Pangeran Yehuwah ngudaneni lan miyarsakake, apadene kitab pengetan katulis ana ing ngarsane kanggo wong kang padha ngabekti marang Sang Yehuwah lan kang ngajeni asmane.”

17. Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi: Wong kang kaya mangkono iku bakal padha dadi kagunganingSun piyambak kang Suntresnani ing dina kang wus Suncawisake, sarta bakal padha Suneman kaya wong kang ngeman marang anake kang mbangun-miturut.

18. Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.

maca bab lengkap Maleakhi 3