Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 3:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh --, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

2. Sapa kang bisa kuwat tahan ing dina rawuhe lan sapa kang bisa lestari ngadeg samangsa Panjenengane ngatingal? Marga Panjenengane iku kaya genine pembesot logam lan kaya sabune tukang penatu.

3. Bakal lenggah patrape kaya wong mbesot lan ngresiki salaka; bani Lewi padha diresiki lan dibesot kaya mas lan salaka, supaya padha dadi wong kang nyaosake kurban kang bener marang Sang Yehuwah.

4. Temahan kurban sesaosane Yehuda lan Yerusalem bakal ndadekake renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, kaya ing nalika jaman biyen lan kaya ing taun-taun kang wus kepungkur.

5. Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

6. Sanyata Ingsun iki Yehuwah kang ora owah-gingsir, dene sira, he bani Yakub, ora bakal sirna.

7. Wiwit jamane para leluhurira sira wus padha nyimpang saka pranataningSun lan iku ora sira tetepi. Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira, -- mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi -- nanging sira padha munjuk: “Anggen kawula sami wangsul kadospundi patrapipun?”

8. Apa kena manungsa ngapusi Gusti Allah, kaya anggonira ngapusi Ingsun? Ewasamono unjukira: “Anggen kawula sami ngapusi Paduka kadospundi patrapipun?” Tumrap pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi.

9. Sira wus padha kena ing ipat-ipat, ewadene sira isih nyulikani Ingsun, sira sabangsa kabeh.

10. Sira padha nggawaa pisungsung prasepuluhan kabeh menyang ing gedhong parawatan, supaya ing padalemaningSun anaa tandhon pangan; tumuli Ingsun titi-priksanen, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- apa sira ora Sunwengani inebe langit, sarta apa Ingsun ora ngesoki berkah marang sira nganti luber?

11. Anadene walang memangsa bakal Sungusah, supaya aja nganti ngentekake pametune palemahanira, sarta wit anggur ing kebonira aja nganti ora awoh, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi --

12. sarta sakehe bangsa banjur bakal padha ngarani rahayu marang sira, marga sira bakal dadi nagara kasenengan. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

maca bab lengkap Maleakhi 3