Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 2:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Kita kabeh iki rak padha nduweni Rama siji, rak Gusti Allah siji kang nitahake kita kabeh? Yagene ta kita kok laku cidra marang sadulur kita dhewe, iku dadine rak najisake prajanjiane para leluhur kita?

11. Yehuda tumindak cidra, tuwin panggawe nistha katindakake ana ing Israel lan ing Yerusalem, awit Yehuda wus najisake pasucen kang dikasihi Sang Yehuwah, sarta wus dadi bojone anake wadon allah liya.

12. Pangeran Yehuwah muga nyirnakna wong kang nglakoni mangkono iku dalah sakehe turune saka ing tarub-tarube Yakub, sanajana padha nyaosi pisungsung marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

13. Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.

14. Kowe banjur padha takon: “Apa sababe?” Awit Pangeran Yehuwah wus jumeneng dadi seksi ing antarane kowe lan somahmu jaka-lara kang kokcidrani, mangka iya iku mitramu, lan somahmu tunggal saprajanjian.

15. Apa dudu Gusti Allah kang asipat sawiji kang nitahake wong-wong iku dadi daging lan roh? Sarta apa kang dikarsakake ing patunggalan mau? Turun kang saka Gusti Allah! Mulane jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyidrani marang somahmu jaka-lara!

16. Awit Ingsun sengit marang pegatan, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa -- mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.

maca bab lengkap Maleakhi 2