Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 2:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene saiki, he para imam, dhawuh iki kaparingake marang sira:

2. Manawa sira padha ora ngrungokake, lan ora nengenake ing bab ngluhurake marang asmaningSun, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- Ingsun bakal ndhawahake wewelak ana ing tengahira, sarta berkahira padha Sundadekake laknat, malah wus Sundadekake laknat, awitdene sira padha ora nggatekake.

3. Lah tanganira bakal Sunkethok, sarta rainira Sunpopok sesuker, yaiku tlethonge sembelehane riyayanira, banjur sira padha kagered menyang ing sesuker iku.

4. Temah sira padha eling yen Ingsun kang ndhawuhake pepakon iku marang sira, supaya tetepa prajanjianingSun klawan Lewi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

5. PrasetyaningSun klawan Lewi iku Ingsun bakal ngganjar urip lan tentrem-rahayu, iku kang Sunparingake, supaya Lewi bakal padha ajrih-asih, mangka iya ajrih-asih marang Ingsun, sarta geter awit saka asmaningSun.

6. Awit cangkeme isi piwulang kang bener lan ing lambene ora tinemu kaculikan. Salakune ana ing patunggilaningSun klawan tentrem-rahayu lan kajujuran, sarta akeh wong kang diundurake saka ing dosa.

7. Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

8. Nanging sira wus padha nyimpang saka ing dalan, lan ndadekake wong akeh padha keplesed marga saka piwulangira; sira wus mbubrah prajanjian klawan Lewi, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

9. Mulane Ingsun iya bakal ndadekake sira asor lan nistha ana ing ngarepe umat iki, marga sira ora ngambah dalan pitedahingSun, malah anggonira memulang nganggo mawang wong.

10. Kita kabeh iki rak padha nduweni Rama siji, rak Gusti Allah siji kang nitahake kita kabeh? Yagene ta kita kok laku cidra marang sadulur kita dhewe, iku dadine rak najisake prajanjiane para leluhur kita?

11. Yehuda tumindak cidra, tuwin panggawe nistha katindakake ana ing Israel lan ing Yerusalem, awit Yehuda wus najisake pasucen kang dikasihi Sang Yehuwah, sarta wus dadi bojone anake wadon allah liya.

12. Pangeran Yehuwah muga nyirnakna wong kang nglakoni mangkono iku dalah sakehe turune saka ing tarub-tarube Yakub, sanajana padha nyaosi pisungsung marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

13. Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.

14. Kowe banjur padha takon: “Apa sababe?” Awit Pangeran Yehuwah wus jumeneng dadi seksi ing antarane kowe lan somahmu jaka-lara kang kokcidrani, mangka iya iku mitramu, lan somahmu tunggal saprajanjian.

15. Apa dudu Gusti Allah kang asipat sawiji kang nitahake wong-wong iku dadi daging lan roh? Sarta apa kang dikarsakake ing patunggalan mau? Turun kang saka Gusti Allah! Mulane jaganen awakmu, aja pisan-pisan nyidrani marang somahmu jaka-lara!

16. Awit Ingsun sengit marang pegatan, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- uga wong kang nutupi panganggone klawan pangroda-peksa -- mangkono dhawuhe Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. Mulane dingati-ati lan aja nindakake kaculikan.

maca bab lengkap Maleakhi 2