Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 1:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Wangsiting Pangeran.Pangandikane Sang Yehuwah marang Israel lumantar Nabi Maleakhi.

2. “Ingsun ngasihi marang sira,” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Nanging sira munjuk: “Anggen Paduka ngasihi kawula caranipun kadospundi?” “Esap iku rak kamase Yakub,” -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --, “ewasamono Yakub Sunkasihi,

3. sarta Esap Sunsengiti, mulane pagunungane Sundamel sepi mamring, sarta bumi pusakane Sundadekake panggonane asu ing ara-ara samun.”

4. Saupama Edom duwe pangucap: “Aku wus padha rusak, nanging jugrugane bakal padha dakbangun maneh,” nuli pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Wong iku kena padha mbangun, nanging iku bakal Sunbubrah, sarta jenenge bakal kasebut: wewengkoning kadursilan, sarta bangsa kang dibendoni dening Pangeran Yehuwah ing salawas-lawase.”

5. Mripatira bakal nyipati, lan sira dhewe bakal padha ngucap mangkene: “Pangeran Yehuwah iku mahaluhur nganti tekan ing sajabaning tlatah Israel.”

6. Anak iku ngajeni bapakne, lan abdi iku ngajeni bendarane. Manawa Ingsun iku jumeneng Rama, endi pakurmatan kang marang Ingsun iku? Sarta manawa Ingsun iki dadi bendara, endi rasa wedi kang marang Ingsun iku? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi marang kowe kabeh, -- he, para imam kang ngremehake asmaningSun? Nanging sira padha munjuk pitakon: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula ngremehaken asma Paduka?”

7. Sira padha nyaosake roti kang najis ana ing misbyahingSun, nanging padha munjuk: “Kanthi patrap kadospundi anggen kawula najisaken?” Kanthi anggonira ngira: “Mejane Pangeran Yehuwah iku kena disepelekake.”

8. Manawa sira padha ngurbanake kewan kang picak, apa iku ora ala? Utawa manawa sira ngurbanake kang pincang utawa kang laranen, apa iku ora ala? Coba kang mangkono iku aturna marang bupatinira, apa sira ndadekake keparenge, apa maneh apa banjur nampani sira kanthi seneng? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

9. Mulane saiki: “Coba padha ngudia nglilihake panggalihe Gusti Allah, supaya karsaa paring kawelasan marang kita!” Sarehne wus ana tindakira kang kaya mangkono mau, Gusti Allah apa iya karsa nampeni panunggalanira kanthi becik? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

10. Upama anaa salah sijine panunggalanira kang gelem ngancing lawang, supaya aja nganti sira nyumed geni ana ing misbyahingSun tanpa guna. Sira ora padha ndadekake keparenging galihingSun -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sarta pisungsung kang saka ing tanganira Ingsun ora karsa nampeni.

11. Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

12. Nanging sira iku padha najisake asmaningSun, amarga sira padha ngira: “Mejane Pangeran iku kena dinajisake, lan dhaharan ing kono kena diremehake.”

13. Sira padha celathu: “Delengen, sapira rekasane!” Sira banjur marakake Ingsun ngresula, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan sira nyaosake kewan rampasan, kewan kang pincang sarta kewan kang laranen. Iku sira pisusungake. Apa iya iku Ingsun tampeni saka ing tanganira? -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --

14. Kenaa ing laknat wong kang duwe kewan lanang ana ing antarane raja-kayane, kang wus didhewekake, ewasamono banjur ngurbanake kewan cacad marang Pangeran Yehuwah. Sabab Ingsun iki Ratu kang agung, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sarta asmaningSun diajrihi ana ing antarane para bangsa.

maca bab lengkap Maleakhi 1