Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 9:4-15 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging sapa kang kagolong wong urip, iku duwe pangarep-arep, awit asu kang urip iku luwih becik katimbang karo singa kang mati.

5. Sabab wong-wong kang urip iku mangreti manawa bakal padha mati, nanging wong mati ora mangreti apa-apa, ora bakal tampa pituwas maneh, malah wong padha lali babar pisan marang dheweke.

6. Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit.

7. Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombenen anggurmu kalawan senenging ati, amarga panggawemu wus lawas ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah.

8. Sandhanganmu dimen lestari putih lan sirahmu aja nganti ora koklengani.

9. Ngrasakna nikmating urip kalawan bojo kang koktresnani ing salawase uripmu kang tanpa guna iku, kang kaganjarake dening Gusti Allah marang kowe ana ing sangisoring langit, amarga yaiku pandumanmu ing sajroning urip lan sajroning pambudidaya kang koktindakake kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit.

10. Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.

11. Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.

12. Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.

13. Bab iki manut wawasanku iya kawicaksanan kang ana ing sangisoring langit lan iku tumraping aku katone gedhe:

14. Ana sawijining kutha cilik, pendhudhuke mung sethithik; banjur ana raja agung kang nempuh lan ngepung sarta ngedegake tembok-tembok pangepungan.

15. Ing kono ana wong mlarat kang wicaksana, kang ngluwari kutha iku kalawan kawicaksanane, ewadene ora ana owng kang eling marang wong mlarat mau.

maca bab lengkap Kohelet 9