Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 9:12-18 Kitab Sutji (JAV)

12. Awit manungsa ora sumurup marang wektune; kayadene iwak kang kena ing jala kang mbilaeni, lan kayadene manuk kang kena ing kala, iya mangkono iku para anaking manungsa anggone padha kena ing jireting mangsa-kala kang kojur, yaiku manawa padha tinempuh ing bab iku kalawan dadakan.

13. Bab iki manut wawasanku iya kawicaksanan kang ana ing sangisoring langit lan iku tumraping aku katone gedhe:

14. Ana sawijining kutha cilik, pendhudhuke mung sethithik; banjur ana raja agung kang nempuh lan ngepung sarta ngedegake tembok-tembok pangepungan.

15. Ing kono ana wong mlarat kang wicaksana, kang ngluwari kutha iku kalawan kawicaksanane, ewadene ora ana owng kang eling marang wong mlarat mau.

16. Mulane aku kandha: “Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang karo kasantosan, ewadene kawicaksanane wong mlarat diremehake lan tembunge ora dirungokake dening wong.”

17. Tembunge wong wicaksana kang dirungokake kanthi sareh, iku luwih becik tinimbang karo bengok-bengoke wong kang kwasa ana ing satengahe para wong gemblung.

18. Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang piranti perang, nanging wong siji kang kleru bisa gawe bubrahe prakara kang becik akeh.

maca bab lengkap Kohelet 9