Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 9:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kabeh iku lugune wus dakgilut-gilut ing sajroning atiku, wus daktitipriksa, yaiku manawa para wong mursid lan para wong wicaksana iku dalah sapanggawene, apa katresnan apa sesengitan, padha ana ing astaning Allah, manungsa ora sumurup samubarang kang bakal kelakon tumrap dheweke.

2. Samubarang kabeh iku padha bae tumrap wong kabeh; nasibe wong iku padha: wong mursid apa wong duraka, wong becik apa wong ala, wong kang resik apa wong kang jember, wong kang caos kurban apa kang ora caos kurban. Wong becik padha kaya wong dosa, wong kang supata padha kaya wong kang wedi sumpah.

3. Yaiku kang kebangeten tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit; kabeh wong nasibe padha. Atining para anaking manungsa iku iya kebak piala lan salawase urip atine kadunungan kaanan gemblung sarta wekasane padha marani panggonane wong mati.

4. Nanging sapa kang kagolong wong urip, iku duwe pangarep-arep, awit asu kang urip iku luwih becik katimbang karo singa kang mati.

5. Sabab wong-wong kang urip iku mangreti manawa bakal padha mati, nanging wong mati ora mangreti apa-apa, ora bakal tampa pituwas maneh, malah wong padha lali babar pisan marang dheweke.

6. Katresnane utawa sengite lan kumerene wus ilang suwe tuwin ing salawase wus ora duwe bagean maneh tumrap samubarang kabeh kang kelakon ana ing sangisoring langit.

maca bab lengkap Kohelet 9