Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 8:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Sanyata, manungsa iku ora sumurup apa kang bakal kelakon, awit sapa ta kang nyumurupake kapriye bakal kelakone?

8. Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.

9. Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane.

10. Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah.

11. Sarehne paukuman tumrap panggawe ala ora enggal-enggal kaetrapake, atining manungsa banjur kebak kekarepan ala.

maca bab lengkap Kohelet 8