Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 8:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sapa ta kang madhani wong wicaksana? Lan sapa kang sumurup marang katranganing saben prakara? Kawicaksananing manungsa ndadekake sumoroting raine lan gawe lilihing serenge ulate.

2. Mbangun-mituruta marang dhawuhing ratu demi sumpahmu marang Gusti Allah.

3. Aja kesusu mundur saka ing ngarsane; aja mreduli marang prakara kang ala, amarga panjenengane nindakake apa kang dikarsakake.

4. Awit pangandikaning ratu iku kwasa; sapa ta kang bakal munjuk ana ing ngarsane: “Panjenengan dalem nglampahi punapa?”

5. Sing sapa mbangun-miturut marang dhawuh, ora bakal ngalami prakara kang gawe cilaka, lan atine wong wicaksana nyumurupi wancining pangadilan,

6. amarga samubarang kabeh iku ana wektune pangadilan, lan piwulanging manungsa iku metek marang awake.

7. Sanyata, manungsa iku ora sumurup apa kang bakal kelakon, awit sapa ta kang nyumurupake kapriye bakal kelakone?

8. Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.

9. Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane.

10. Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah.

maca bab lengkap Kohelet 8