Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 7:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Ngrungokake srengening wong wicaksana iku luwih becik tinimbang karo ngrungokake kekidunganing wong gemblung.

6. Amarga kayadene swaraning eri kang kobong kumritig ana ing sangisoring kwali, iya mangkono iku guyune wong gemblung. Iki uga tanpa paedah.

7. Sanyata, tumindak meres iku njalari wong wicaksana dadi gemblung, dene dhuwit besel iku ngrusakake ati.

8. Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitane. Kasabaran kang gedhe iku luwih becik katimbang gumunggung.

9. Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung.

10. Aja celathu: “Yagene jaman biyen iku kok luwih becik tinimbang karo jaman saiki?” Amarga pitakonmu iku ora adhedhasar kawicaksanan.

11. Kawicaksanan iku karo warisan padha becike, iku sawijining kauntungan tumrap para wong kang ndeleng srengenge.

12. Amarga pangayomaning kawicaksanan iku kayadene pangayomaning dhuwit. Lan begja wong kang sumurup, manawa kawicaksanan iku rumeksa marang uripe para wong kang nduweni.

13. Manawa marang pakaryaning Allah! Sapa kang bisa nglencengake apa kang wus kabengkokake dening Panjenengane?

14. Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon.

15. Ing sajroning uripku kang tanpa guna iki aku nyumurupi prakara warna-warna, kayata: ana wong mursid kang tiwas ing sajroning kamursidane, ana wong duraka kang uripe suwe ana ing sajroning pialane.

maca bab lengkap Kohelet 7