Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 6:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Sakehing kangelane manungsa iku kanggo cangkeme, nanging pepenginane ora ana uwis-uwise.

8. Amarga apa ta kaluwihane wong wicaksana yen katimbang karo wong bodho? Apa ta kaluwihane wong miskin kang bisa srawungan karo pepadhane ngaurip?

9. Luwih becik mung ndeleng bae katimbang karo ngumbar hawa-nepsu. Iku uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.

10. Apa bae kang ana, iku wus suwe anggone kapratelakake jenenge lan wus kasumurupan manungsa iku sapa, yaiku anggone ora bisa prakaran karo kang kasantosane ngungkuli dheweke.

11. Amarga saya akeh tetembungane, iya saya akeh kang tanpa paedah. Apa gunane tumrap manungsa?

12. Amarga sapa kang nyumurupi apa kang prayoga kanggo manungsa ing salawase uripe kang ora suwe, kang tanpa guna, kang dilakoni kayadene ayang-ayangan? Sapa kang bisa mratelakake marang manungsa, apa kang bakal kelakon ing sapungkure ana ing sangisoring langit?

maca bab lengkap Kohelet 6