Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 5 Kitab Sutji (JAV)

1. Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae.

2. Awit kayadene jalarane ngimpi iku marga saka akehing pagawean, mangkono uga rembuge wong bodho iku iya marga saka akehe tembung-tembunge.

3. Manawa kowe duwe nadar ana ing ngarsaning Allah, aja kok undur-undur anggonmu netepi, marga Panjenengane ora rena mirsani para wong kang gemblung. Tetepana nadarmu.

4. Luwih becik kowe ora duwe nadar katimbang duwe nadar nanging ora koktetepi.

5. Aja nganti kowe katuntun dening cangkemmu marang ing dosa, sarta aja matur ana ing ngarsane utusaning Allah manawa kowe tumindak kliru. Yagene ta tembung-tembungmu kok nganti ndadekake dukaning Allah ing bab pangucapmu lan banjur ngrusak pagaweaning tanganmu?

6. Amarga kayadene impen iku akeh, mangkono uga tetembungan kang tanpa paedah iku uga akeh. Nanging wedia marang Gusti Allah.

Bab tanpa paedahe kasugihan

5:7--6:12

7. Manawa ana ing sawijining dhaerah kowe nyumurupi wong miskin ditindhes lan angger-angger tuwin kaadilan katerak, kowe aja gumun, amarga kang pangkat dhuwur kang siji ngulat-ulatake sijine, mangkono uga kang luwih dhuwur pangkate padha ngulat-ulatake wong-wong mau.

8. Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.

9. Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametune. Iki iya tanpa paedah.

10. Manawa barang darbeke wuwuh, wong kang ngentekake uga wuwuh. Banjur apa kauntungane kang duwe kajaba mung ndeleng?

11. Wong kang nyambut gawe iku turune kepenak, sanadyan mangane sathithik utawa akeh; nanging mubra-mubruning wong sugih marakake ora bisa turu.

12. Aku weruh kaanan kang nyedhihake banget ana ing sangisoring langit: kasugihan kang kasimpen dening kang duwe njalari kacilakane dhewe.

13. Lan kasugihan iku sirna marga saka kojure, satemah ora duwe apa-apa kanggo anake.

14. Kayadene anggone metu saka ing guwa-garbane ibune, mangkono uga anggone bakal lunga, iya wuda kaya nalikane teka lan ora oleh apa-apa saka ing kangelane kang kena digawa.

15. Iki uga kaanan kang nyedhihake. Kayadene anggone teka, mangkono uga anggone bakal lunga. Banjur apa kauntungane wong kang wus kangelan mburu angin iku?

16. Malah salawase uripe ngrasakake gela lan sedhih; akeh kasusahane, kasangsarane lan kang marakake anyel.

17. Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane.

18. Saben wong kang kaparingan kasugihan, raja-brana lan pangwasa dening Gusti Allah kang bisa dirasakake minangka pandumane, banjur bisa seneng-seneng ing sajroning kangelane, iku uga ganjarane Gusti Allah.

19. Wong mau arang-arang ngeling-eling marang uripe, amarga Gusti Allah marengake tansah ngrasakake kasenenganing atine.