Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 4:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. Wong anom kang miskin nanging kadunungan kawicaksanan iku luwih becik katimbang karo ratu sepuh kang bodho, kang puguh diemutake.

14. Awit wong anom mau metu saka ing pakunjaran banjur dadi ratu, sanadyan laire ana ing sajroning kamlaratan nalika kang sepuh mau ngasta paprentahan.

15. Aku nyumurupi kabeh wong kang ana ing sangisoring langit iki padha lumaku bebarengan karo wong anom kang bakal nggenteni ratu mau.

16. Tanpa wilangan kehe wong kang padha dipimpin, nanging wong kang sawuse iku padha teka, ora padha seneng marang panjenengane. Awit saka iku iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.

17. Reksanen sikilmu, manawa kowe lumebu ing padalemaning Allah; nyedhak prelu ngrungokake iku luwih becik tinimbang karo nyaosake kurban kang ditindakake dening para wong bodho, amarga iku ora mangreti, manawa padha nglakoni piala.

maca bab lengkap Kohelet 4