Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 4:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.

2. Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip.

3. Nanging kang luwih begja tinimbang karo sakaro-karone iku -- manut panganggepku -- yaiku wong kang durung ana, kang durung nyumurupi panggawe ala, kang kelakon ana ing sangisoring langit.

4. Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.

5. Wong kang bodho sedhakep lan mangan daginge dhewe.

6. Katentreman sagegem iku luwih becik tinimbang karo kangelan rong gegem lan ngudi mburu angin.

7. Aku nyumurupi maneh bab-bab kang tanpa paedah ana ing sangisoring langit:

8. ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; -- kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? -- Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.

9. Wong loro iku luwih prayoga tinimbang karo wong siji, awit iku padha tampa pituwas kang becik tumrap kangelane.

maca bab lengkap Kohelet 4