Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 4:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.

2. Awit saka iku wong mati kang wus suwe anggone ngajal iku dakanggep padha luwih begja katimbang karo wong kang padha urip, kang saiki isih padha urip.

3. Nanging kang luwih begja tinimbang karo sakaro-karone iku -- manut panganggepku -- yaiku wong kang durung ana, kang durung nyumurupi panggawe ala, kang kelakon ana ing sangisoring langit.

maca bab lengkap Kohelet 4