Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 3:5-21 Kitab Sutji (JAV)

5. Ana wayahe mbuwang watu, ana wayahe nglumpukake watu; ana wayahe ngrangkul, ana wayahe cegah ngrangkul.

6. Ana wayahe nggoleki, ana wayahe ngeklasake ilanging barang; ana wayahe nyimpen, ana wayahe mbuwang.

7. Ana wayahe nyuwek, ana wayahe ndondomi; ana wayahe meneng, ana wayahe caturan.

8. Ana wayahe nresnani, ana wayahe nyengiti; ana wayahe perang, ana wayahe rukun.

9. Apa ta pituwase wong kang nindakake pagawean kang dilakoni kanthi kangelan?

10. Aku wus ndeleng pagawean kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya padha gawea keseling awake.

11. Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake, malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti wekasan.

12. Aku sumurup manawa tumraping para manungsa iku ora ana kang becike ngluwihi seneng-seneng lan ngematake kasenengan ana ing sajroning uripe.

13. Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.

14. Aku sumurup manawa samubarang kabeh kang katindakake dening Gusti Allah iku bakal tetep anane ing salawas-lawase; iku ora bisa diwuwuhi utawa dikurangi; Gusti Allah tumindak mangkono, supaya manungsa wedia marang Panjenengane.

15. Kang saiki ana, iku biyen wus ana, lan kang bakal ana iku wus lawas anane; sarta Gusti Allah ngupadosi apa kang wus kapungkur.

16. Sabanjure aku sumurup papan pangadilan ana ing sangisoring langit: ing kono tinemu bab-bab kang ora adil; sarta papan kaadilan, ing kono uga tinemu bab-bab kang ora adil.

17. Aku mosik ing sajroning ati: “Gusti Allah bakal ngadili wong kang bener lan kang ora adil, awit tumrap sakehing pagawean, iku ana wayahe dhewe-dhewe.”

18. Osikku ing sajroning ati mangkene: “Anadene para anaking manungsa, iku bakal kauji dening Gusti Allah lan bakal kaparingan sumurup, manawa dheweke kabeh iku lugune kewan.”

19. Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.

20. Sakarone marani panggonan kang padha; sakarone dumadi saka lebu lan sakarone bali menyang ing lebu.

21. Sapa kang sumurup, manawa ambekaning manungsa iku munggah mandhuwur, dene ambekaning kewan mudhun mangisor, menyang ing bumi.

maca bab lengkap Kohelet 3