Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 3:18-22 Kitab Sutji (JAV)

18. Osikku ing sajroning ati mangkene: “Anadene para anaking manungsa, iku bakal kauji dening Gusti Allah lan bakal kaparingan sumurup, manawa dheweke kabeh iku lugune kewan.”

19. Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.

20. Sakarone marani panggonan kang padha; sakarone dumadi saka lebu lan sakarone bali menyang ing lebu.

21. Sapa kang sumurup, manawa ambekaning manungsa iku munggah mandhuwur, dene ambekaning kewan mudhun mangisor, menyang ing bumi.

22. Aku sumurup manawa ora ana kang becike ngungkuli kasenengan sajroning pagaweane tumrap manungsa, amarga iku kabegjane. Awit sapa ta kang bakal nuduhake apa kang bakal kelakon sawuse dheweke?

maca bab lengkap Kohelet 3