Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 2:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku.

11. Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus katindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi.

12. Aku banjur genti mawas kawicaksanan, kabodhoan lan kang goblog, sabab apa ta kang bisa dilakoni dening wong kang nggenteni dadi ratu? Mung apa kang wus katindakake dening raja iku.

13. Sarta aku sumurup manawa kawicaksanan iku ngungkuli kabodhoan, kayadene pepadhang anggone ngungkuli pepeteng.

14. Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup, manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha.

15. Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna.

16. Amarga ora ana pangeling-eling kang tetep tumrap wong wicaksana utawa wong bodho, awit ing dina-dina kang bakal kelakon kabeh-kabeh iku wus suwe anggone dilalekake, lah ah, wong wicaksana iya mati kaya dene wong bodho!

17. Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin.

18. Aku sengit marang apa kang daklakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit iki, sabab iku bakal dakwarisake marang wong kang anane sawuse aku.

19. Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.

20. Marga saka iku aku banjur wiwit mangu-mangu ing bab kang daktindakake kalawan kangelan ana ing sangisoring langit iki.

21. Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget.

maca bab lengkap Kohelet 2