Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 2:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.”

2. Gumuyu iku dakkandhakake: “Iku bodho!” lan tumrap kabungahan: “Gunane apa?”

3. Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur -- sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan -- sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku.

4. Aku nglakoni panggawe-panggawe kang wigati: aku yasa omah pirang-pirang, nanduri pakebonan anggur akeh,

5. aku nganakake pakebonan lan patamanan akeh, banjur daktanduri wit-witan warna-warna,

6. aku gawe blumbang pirang-pirang kanggo mbanyoni wit-witan kang isih enom saka ing kono.

7. Aku tuku batur lanang lan wadon akeh, lan ana batur-batur kang lair ana ing omahku; aku uga duwe sapi akeh lan wedhus ngluwihi wong kabeh kang ana ing Yerusalem sadurunge aku.

8. Aku uga nglumpukake selaka lan emas, raja-brana kang pinangkane saka para raja lan dhaerah-dhaerah. Aku ngupaya pasindhen lanang lan wadon akeh, lan kang nyenengake para anaking manungsa, yaiku selir akeh.

9. Kalawan patrap mangkono aku banjur kedunungan kaluhuran, malah nganti ngluwihi sapa bae kang ana ing Yerusalem sadurunge aku; ing sajrone mangkono iku kawicaksananku tetep dumunung ana ing aku.

10. Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku.

maca bab lengkap Kohelet 2