Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 12:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,

6. sadurunge rante selaka kapedhot lan damar emas kapecah, sadurunge klenthing karemuk ana ing sacedhaking sumber sarta kerekaning timba karusak ana ing sadhuwure sumur,

7. apadene lebu bali dadi lemah kaya ing sakawit lan roh bali marang ing ngarsaning Allah kang maringake.

8. Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.

9. Sang Kohelet iku kajaba kagungan kawicaksanan, iya paring piwulang bab kawruh marang umat. Panjenengane nenimbang, nguji lan nganggit bebasan akeh.

10. Sang Kohelet ngangkah bisane manggih tetembungan kang nyenengake lan nyerat tetembungan bab kabeneran kalawan jujur.

11. Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.

12. Sarta maneh, anakku, sing waspada! Nganggit buku akeh iku ora ana uwise lan sinau akeh iku gawe keseling awak.

13. Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.

14. Amarga Gusti Allah bakal masrahake sabarang panggawe marang pangadilan, kang ngadili samubarang kang samar, kang becik lan kang ala.

maca bab lengkap Kohelet 12