Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 12:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,

2. yaiku sadurunge srengenge lan pepadhang, rembulan lan lintang-lintang dadi peteng, sarta sawuse udah mendhunge padha bali maneh,

3. ing nalika kang tunggu omah padha gumeter lan wong-wong kang rosa padha mbungkuk, tuwin para wong wadon kang nggiling padha leren amarga cacahe suda, sarta kang padha ndeleng saka ing cendhela padha dadi lamur kabeh,

4. apamaneh lawang-lawang ing sapinggiring dalan padha mineb, swarane panggilingan dadi lirih, swarane dadi kaya pangocehing manuk, tuwin sakehing pasindhen wadon padha dadi lirih swarane,

5. wong-wong uga padha dadi wedi marang unggah-unggahan; lan ing dedalan ana kang memedeni, wit saked akembang, walange lakune ngrekasa kalawan nyeret awake, tuwin kekarepan mangan ora kena kagugah maneh -- amarga manungsa lunga menyang ing omahe kang langgeng, apadene para juru nangis padha kluyuran ana ing dedalan,

6. sadurunge rante selaka kapedhot lan damar emas kapecah, sadurunge klenthing karemuk ana ing sacedhaking sumber sarta kerekaning timba karusak ana ing sadhuwure sumur,

maca bab lengkap Kohelet 12