Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 11:7-10 Kitab Sutji (JAV)

7. Pepadhang iku nyenengake lan mandeng srengenge iku apik kanggo mripat.

8. Mulane manawa ana wong kang dawa umure, cikben seneng-seneng ing sajroning kaanan mangkono iku, nanging wong mau elinga marang dina-dina kang peteng, awit iku akeh cacahe. Samubarang kabeh kang teka iku tanpa paedah.

9. Bungah-bungaha, heh wong anom, ing sajrone anggonmu isih anom, atimu cikben seneng ing wektu kowe isih anom lan turutana pepenginaning atimu lan apa kang dadi pakaremaning mripatmu, nanging sumurupa, manawa marga saka iku kabeh kowe bakal katarik dening Gusti Allah marang ing pangadilan!

10. Mulane panggrantes buwangen saka ing atimu lan edohna kasusahan saka ing awakmu, amarga anom lan bangbang wetaning ngaurip iku tanpa guna.

maca bab lengkap Kohelet 11