Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 10 Kitab Sutji (JAV)

Kawusanane kabodhoan

10:1-20

1. Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.

2. Atine wong wicaksana iku ngener manengen, dene atine wong gemblung iku mangiwa.

3. Uga manawa lumaku ana ing lurung wong bodho iku pikirane iya kethul, saben wong dikandhani, manawa dheweke iku bodho.

4. Manawa kowe tinempuh ing bebendu, aja ninggal papanmu, awit kasabaran iku bisa nyegah kasalahan-kasalahan kang gedhe.

5. Aku sumurup sawijining piala ana ing sangisoring langit, yaiku kaluputan kang asale saka wong kang nyekel pangwasa:

6. Akeh papan kang luhur, kang dilungguhi ing wong bodho, mangka papan kang asor dilungguhi ing wong sugih.

7. Aku sumurup batur tukon nunggang jaran, lan para panggedhe padha mlaku dharat kaya batur tukon.

8. Sing sapa gawe luwangan bakal kacemplung mrono, lan sing sapa njebol tembok bakal dicokot ing ula.

9. Sing sapa mecah watu bakal kelaran; sing sapa nyigar kayu bakal kena ing bebaya.

10. Manawa wadunge kethul lan ora diasah, wong banjur kudu ngetokake kakuwatan kang luwih gedhe, nanging kang prelu supaya bisa kasil, iku kawicaksanan.

11. Manawa ula anggone nyakot sadurunge dijapa-mantrani, tukang japa-mantra bakal ora oleh gawe.

12. Tetembungan kang metu saka ing tutuke wong wicaksana iku sedhep, nanging lambene wong gemblung iku nguntal wong iku dhewe.

13. Tembung kawitan kang metu saka ing cangkeme iku goblog, sarta wekasane guneme iku kabodhoan kang mbilaeni.

14. Wong bodho iku akeh rembuge, sanadyan wong ora sumurup apa kang bakal kelakon, lan sapa ta kang bakal nyumurupake apa kang bakal kelakon ing sapungkure?

15. Kangelane wong bodho iku gawe sayahe wong iku dhewe, amarga ora weruh dalan menyang kutha.

16. Bilai kowe he nagara, manawa ratumu bocah cilik lan para pemimpinmu esuk-esuk wus pista!

17. Rahayu kowe he nagara, manawa ratumu asale saka golongan pangarep, lan para pemimpinmu padha mangan manawa wus wayahe ing sajrone karosane ora ing sajrone mendem.

18. Marga saka kesed, payon ambleg, lan marga saka ora cekat-ceket omah trocoh.

19. Supaya bisa ngguyu, wong nganakake bujana, anggur gawe gambiraning ngaurip sarta dhuwit njalari kabeh iku mau bisa tumindak.

20. Sanadyan mung dibatin bae aja nganti kowe ngipat-ipati ratu lan ana ing kamar turu kowe aja ngipat-ipati wong sugih, amarga manuk ing awang-awang uga bisa nglantarake pangucapmu, lan kabeh kang mawa swiwi bisa nglantarake apa kang kokucapake.