Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kohelet 1 Kitab Sutji (JAV)

Samubarang kabeh iku ora ana paedahe

1:1-11

1. Iki pangandikane Sang Kohelet, putrane Sang Prabu Dawud, ratu ing Yerusalem.

2. Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.

3. Apa gunane manungsa iku banget-banget anggone nglakoni kangelan ana ing sangisoring langit.

4. Turun kang siji sirna, turun sijine teka, nanging bumi iki tetep ana.

5. Srengenge mlethek, srengenge surup, banjur enggal-enggal marani panggonan bakal mletheke maneh.

6. Angin midid mangidul, banjur mbalik mangalor terus-terusan anggone mubeng-mubeng, lan sajrone mubang-mubeng iku angin mau tumuli bali.

7. Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.

8. Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.

9. Apa kang tau ana bakal ana maneh, lan apa kang tau dilakoni, bakal dilakoni maneh; ora ana barang kang anyar ing sangisoring langit.

10. Apa ana barang kang kena dikandhakake: “Delengen, iki anyar?” Awit iku dhek biyen wis ana, wis suwe banget sadurunge kita ana.

11. Ora ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon dhek jaman kapungkur, lan ing jaman kang bakal kelakon iya ora bakal ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon ing jaman kang wus diungkurake dening para wong kang bakal ana ing saburine.

Piwulang bab: kawicaksanan iku tanpa guna

1:12-18

12. Nalika aku, Kohelet, ngratoni Israel ana ing Yerusalem,

13. kencenging atiku sumedya mriksa lan naliti kalawan kawicaksanan marang samubarang kabeh kang kalakon ana ing sangisoring langit. Iku pagawean kang angel kang diparingake dening Gusti Allah marang para anaking manungsa, supaya bisaa gawe kesele awake dhewe.

14. Aku wus nyumurupi sakehing panggawe kang dilakoni dening wong ana ing sangisoring langit, nanging lah kabeh iku tanpa guna lan mburu angin.

15. Apa kang bengkong ora kena dilencengake, lan kang ora ana iku ora kena dietung.

16. Sajroning ati aku mosik mangkene: “Lah aku wus nggedhekake lan nambah kawicaksanan ngluwihi kabeh wong kang nyekel paprentahan ing Yerusalem sadurunge aku, lan atiku wus kadunungan kawicaksanan lan kawruh akeh.”

17. Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin,

18. amarga kawicaksanan akeh iku ngemu kasusahan akeh, tuwin sing sapa ngakehake kawruh iku ngakehake kaprihatinan.