Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 5:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas;amargi kawula sampun sami damel dosa.

17. Inggih margi saking makaten punika manah kawula sakit,inggih margi saking makaten punika mripat kawula lajeng dados bliwur.

18. Awit saking redi Sion ingkang sampun ludhes,segawon-segawon wana sami pating kluyur wonten ngriku.

19. Dhuh Yehuwah, Paduka punika jumeneng langgeng,dhampar Paduka boten ewah gingsir ing salami-laminipun.

20. Kenging punapa dene Paduka ngantos boten engetdhateng kawula sadaya ing salaminipun,punapaa dene kawula Paduka tegakaken ngantos lami?

21. Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami Paduka wangsulaken dhateng Paduka,temahan sami badhe mratobat,kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malihkados kala rumiyin.

22. Utawi punapa Paduka badhe nampik dhateng kawula sadaya babar-pisan?Punapa Paduka duka sanget dhateng kawula?

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 5