Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 4:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. Iku kelakon mangkono marga saka dosane para nabinelan pialane para imame,kang padha ngwutahake getihe wong kang ora luput,kang ana ing satengahe.

14. Padha nuk-nukan kaya wong tuna-netraana ing lurung-lurung,najis dening getih, nganti wong ora bisanggepok marang sandhangane.

15. Paha dielokake: “Sumingkir, najis.Sumingkir, sumingkir, aja nggepok!”,nuli padha lunga lan nglambrang; para bangsa banjur padha ngucap:“Iku padha ora kena manggon ana ing kene maneh!”

16. Pangeran Yehuwah piyambak mbuyarake wong-wong mau,bakal ora diudaneni maneh.Para imam padha ora diajenidalah para wong tuwa iya ora diwelasi.

17. Mripatku tansah ngarep-arep pitulungan,nanging tanpa guna;saka menara pajagan olehku ngarep-arepmarang bangsa kang ora bisa mitulungi.

18. Wong-wong mau padha ndingkik lakuku,nganti aku padha ora bisa metu ing alun-alunku;wus ndungkap ajalku, wus puput uripku,aku wus padha tekan ing wekasaning uripku.

19. Kang padha ngoyak-oyak akurikate ngungkuli manuk garudha ing awang-awang,aku padha diburu ana ing gunung-gunung,lan dicegat ana ing pasamunan.

20. Wong kang jinebadan dening Pangeran Yehuwah, napasing uripku kabehkacemplung ing luwenganing wong-wong mau,wong kang dakkira: “Ana ing pangaubaneaku bakal padha urip ana ing tengahe para bangsa.”

21. Heh, putri ing Edom,kang manggon ing tanah Us,bungaha lan giyak-giyaka,tuwunge uga bakal tumeka ing kowe,kowe bakal mendem nganti kawudan.

22. He, putri ing Sion, kaluputanmu wus ilang,Pangeran Yehuwah ara bakal marengake kowe dibuwang maneh,nanging kaluputanmu, he putri ing Edom, bakal diwaleslan dosa-dosamu bakal digelar.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 4