Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 4:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Adhuh lae, emas iku kok surem temen,emas murni kok malih;watu-watu suci iku padha kabuwangana ing pojoke saben lurung.

2. Para anake Sion kang aji,padha karo kaya emas tuwa,adhuh, kok dipadhakake karo pengaron lemahgaweaning tangane kundhi.

3. Sanadyan asu ajag iya ngulungake susunenusoni anake,nanging putrining bangsaku wus dadi mentala,kaya manuk unta ing sagara wedhi.

4. Ilate bocah pasuson kraketing cethake dening kasatan;bocah-bocah padha njaluk roti,nanging ora ana kang ngwenehi.

5. Wong kang kulina mangan kang sarwa enak,padha kaluwen ana ing lelurung,kang kulina linggih ing bantal gluga,padha nglemprak ana ing pawuhan.

6. Durakaning putrine bangsakungungkuli dosane Sodom,kang diwalik sajroning sakedhep netra,tanpa katiban ing tangan.

7. Para pemimpine resike ngungkuli salju,lan luwih putih tinimbang susu,abanging awake ngungkuli merjan,pasemone memper watu manila;

8. nanging saiki rupane ireng ngungkuli angus,kang ana ing lurung-lurung padha pangling,kulite kelet karo balung-balunge,garing kaya kayu.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 4