Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:62-66 Kitab Sutji (JAV)

62. punapadene wicantenipun tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,sarta malih pangangen-angenipun awon tumrap kawula sadinten muput!

63. Mugi Paduka pirsani ngadeg-linggihipun,kawula kadadosaken lagu pepoyokanipun.”

64. “Dhuh Yehuwah, Paduka badhe nandukaken piwales dhateng tiyang-tiyang wau,miturut ing sapandamelipun.

65. Paduka badhe mangkotaken manahipun,mugi sami kadhawahana laknat Paduka.

66. Dhuh Yehuwah, Paduka badhe mbujeng tiyang-tiyang wau klayan bebendu,sarta sami badhe Paduka sirnakaken saking sangandhaping langit!”

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3