Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:43-57 Kitab Sutji (JAV)

43. Paduka singeban bebendu,sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas.

44. Paduka singeban mendhung,satemah pandonga kawula boten saged nembus.

45. Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nisthawonten ing satengahipun para bangsa.

46. Sakathahipun mengsah kawula,sami ngungel-ungelaken kawula.

47. Kawula kataman pagiris sarta kalajiret,karisakan lan pagempuran.

48. Luh kawula mili kados lepenawit saking risaking putrinipun bangsa kawula.

49. Luh kawula tansah crocosan,tanpa wonten kendelipun;

50. ngantos Pangeran Yehuwah ngudaneni saking nginggilsaha mirsani saking swarga.

51. Mripat kawula ngantos kraos perihawit saking kawontenanipun para putri ing kitha kawula.

52. Kawula dipun uber-uber kados peksidening tiyang ingkang sami mengsah dhateng kawula tanpa sabab.

53. Kawula dipun cemplungaken dhateng luweng gesang-gesangan,sarta dipun banggali sela.

54. Toya mbanjiri sirah kawula,kawula nginten: “Bilai aku saiki.”

55. “Dhuh Yehuwah, kawula nyebut asma Padukasaking dhasaring luweng ingkang lebet.

56. Paduka miyarsakaken swara kawula.Paduka sampun ngantos nutupi talingan Padukatumrap pangadhuh saha pasambat kawula.

57. Nalika kawula sesambat dhateng Paduka,Paduka celak sarta ngandika: Aja wedi.”

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3