Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:35-46 Kitab Sutji (JAV)

35. manawa wewenanging wong dienggokakeana ing ngarsane Kang Mahaluhur,

36. manawa wong ditanduki kang ora adil tumrap prakarane,iku apa ora diuningani dening Pangeran Yehuwah?

37. Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana?Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake?

38. Kang ala lan kang becik iku wijileapa ora saka lesane Kang Mahaluhur?

39. Yagene wong urip padha nggresah?Saben wong nggresaha marga saka dosane!

40. Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita,sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.

41. Mara, payo padha ngulukake ati lan tangan kitamarang Gusti Allah ing swarga lan munjuk:

42. Kawula sampun nerak lan mbalela,mangka Paduka boten paring pangapunten.

43. Paduka singeban bebendu,sarta mbujeng kawula, Paduka pejahi tanpa piwelas.

44. Paduka singeban mendhung,satemah pandonga kawula boten saged nembus.

45. Kawula sami Paduka dadosaken jember lan nisthawonten ing satengahipun para bangsa.

46. Sakathahipun mengsah kawula,sami ngungel-ungelaken kawula.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3