Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:29-40 Kitab Sutji (JAV)

29. Ambruka lan nempelna raine ing lebu,bokmanawa isih ana pangarep-arep.

30. Pipine diulungna marang kang napuk,dinganti wareg anggone dipoyoki.

31. Awit Pangeran Yehuwah anggone nyebratakeora ing salawase.

32. Amarga sanadyan Panjenengan maringi kaprihatinan,iya nuli paring palimirma,cundhuk karo sih-kadarmane.

33. Awit ora kalawan lila-legawaning galihemanawa maringi kasusahan lan kaprihatinanmarang para anake manungsa.

34. Manawa ana wong kang ngidak-idaksakehe wong tawanan ing salumahing bumi,

35. manawa wewenanging wong dienggokakeana ing ngarsane Kang Mahaluhur,

36. manawa wong ditanduki kang ora adil tumrap prakarane,iku apa ora diuningani dening Pangeran Yehuwah?

37. Sapa ta kang ngandika lan samubarang kabeh banjur ana?Apa dudu Pangeran kang ndhawuhake?

38. Kang ala lan kang becik iku wijileapa ora saka lesane Kang Mahaluhur?

39. Yagene wong urip padha nggresah?Saben wong nggresaha marga saka dosane!

40. Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita,sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3