Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:19-29 Kitab Sutji (JAV)

19. “Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta,punapadene wontenipun butrawali lan wisa.”

20. Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika,saha nglemprek wonten ing lebet kawula.

21. Nanging iki kang dakrasakake,lan kang njalari aku duwe pangarep-arep:

22. Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot,lan sih-kawelasane ora ana enteke.

23. Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk.Saestu ageng kasetyan Paduka punika!

24. Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku,mulane dakarep-arep.”

25. Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti,tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane.

26. Becik manawa wong nganti-antimarang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.

27. Becik manawa wong lanang mikulpasangan nalika nome.

28. Iku lungguha dhewekan lan menenga,manawa lagi dietrapi dening Pangeran Yehuwah.

29. Ambruka lan nempelna raine ing lebu,bokmanawa isih ana pangarep-arep.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3