Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Untuku diremuk, srana aku diparingi mangan krikil,lan aku diblesekake ing lebu.

17. Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman,kawula kasupen dhateng kabegjan.

18. Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna,lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang.

19. “Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta,punapadene wontenipun butrawali lan wisa.”

20. Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika,saha nglemprek wonten ing lebet kawula.

21. Nanging iki kang dakrasakake,lan kang njalari aku duwe pangarep-arep:

22. Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot,lan sih-kawelasane ora ana enteke.

23. Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk.Saestu ageng kasetyan Paduka punika!

24. Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku,mulane dakarep-arep.”

25. Pangeran iku sae tumrap wong kang padha nganti-anti,tumrap nyawa kang ngupaya Panjenengane.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3