Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Aku dadi pepoyokane bangsaku kabeh,digawe lagu pangece nganti sadina muput.

15. Aku diwaregi kalawan pepaitlan diombeni butrawali.

16. Untuku diremuk, srana aku diparingi mangan krikil,lan aku diblesekake ing lebu.

17. Nyawa kawula Paduka pisahaken saking ing katentreman,kawula kasupen dhateng kabegjan.

18. Ing kono pangiraku: Misuwurku wus sirna,lan pangarep-arepku marang Pangeran Yehuwah wus ilang.

19. “Paduka mugi ngengeti kasangsaran saha anggen kawula kalunta-lunta,punapadene wontenipun butrawali lan wisa.”

20. Nyawa kawula tansah kengetan dhateng prakawis punika,saha nglemprek wonten ing lebet kawula.

21. Nanging iki kang dakrasakake,lan kang njalari aku duwe pangarep-arep:

22. Sih-kamirahane Pangeran Yehuwah iku tanpa pedhot,lan sih-kawelasane ora ana enteke.

23. Tansah lumintu, ganti-gumanti saben esuk.Saestu ageng kasetyan Paduka punika!

24. Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku,mulane dakarep-arep.”

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3