Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku iki wong kang ngalami sangsaramarga saka panggebaging dukane Pangeran.

2. Panjenengane nundhung lan nglampahake akuana ing pepeteng kang ora ana padhange.

3. Lah aku katibanan ing astane marambah-rambah,nganti sadina muput.

4. Daging lan kulitku didamel susut,balungku padha ditugeli.

5. Pangeran ngedegake tembok ngungkuli aku,ngupengi aku kalawan kaprihatinanlan kasusahan.

6. Aku dipapanake ing panggonan kang peteng,kaya wong kang wus mati suwe.

7. Aku dipepeti, dalan metu ditutup kabehsarta ditaleni nganggo rante kang abot.

8. Sanadyan aku sambat-sambat lan bengok-bengok nyuwun tulung,pandongaku ora dipiyarsakake.

9. Dalan-dalanku padha dipepeti nganggo watu tatahan,didadekake ora kena diambah.

10. Panjenengane prasasat bruwang kang ngadhang marang aku,lan prasasat singa ana ing pandhelikan.

maca bab lengkap Kidung Pangadhuh 3