Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 6:20-30 Kitab Sutji (JAV)

20. “Iki dadia kurbane Harun lan anak-anake, kang kudu disaosake marang Pangeran Yehuwah samangsa ana kang dijebadi; iku arupa glepung gandum pilihan saprasepuluh efa kagawe kurban dhaharan ajegan, separo ing wayah esuk, separo ing wayah sore.

21. Pangolahe ana ing panggangan nganggo lenga, sawuse kaublek sira ladekna kanggo kurban dhaharan, sawuse kapanggang klawan ditugel-tugel minangka ganda kang ngremenake kagem Pangeran Yehuwah.

22. Lan imam panunggalane anak-anake kang kajebadan nggenteni iku iya nindakna kaya mangkono, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Kabeh kaobonga konjuk marang Pangeran Yehuwah.

23. Saben kurban dhaharan sesaosane imam iku kaobonga kabeh, ora kelilan dipangan.”

24. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

25. “Harun lan para anake iku padha sira dhawuhana, wirasane: Iki pranatan bab kurban pangruwating dosa. Anggone nyembeleh kurban pangruwating dosa iku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing panggonan nyembeleh kurban obaran. Iku kurban kang suci pinunjul.

26. Imam kang nyaosake kurban pangruwating dosa iku kang kudu mangan; pamangane ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.

27. Saben wong kang nggepok daginge kurban iku dadi suci lan saupama getihe ana kang nyiprat ngenani sandhangan, iku sira kumbaha ana ing panggonan kang suci.

28. Kuwali kang kanggo ngolah kurban iku, karemuka, dene manawa pangolahe ana ing kenceng tembaga, iku kagosoka lan kaisahana.

29. Saben wong lanang panunggalane para imam iku mangana, iku kurban kang suci pinunjul.

30. Nanging saben kurban pangruwating dosa, kang getihe ana kang kagawa lumebu menyang ing Tarub Pasewakan, kanggo nganakake karukunan ana ing sajrone pasucen, iku poma aja sira pangan, iku diobonga nganti entek.”

maca bab lengkap Kaimaman 6