Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 6:15-27 Kitab Sutji (JAV)

15. nuli anaa siji kang njupuk kurban dhaharan sagegem karo lengane, lan sakehe menyan kang tumumpang ing kurban dhaharan, iku kabeh banjur diobonga ana ing misbyah, satemah gandane ngremenake minangka pangenget-enget ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

16. Turahane mau kudu dipangan dening Harun lan anak-anake: iku kaolaha dadi roti tanpa ragi lan kapangana ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.

17. Anggone ngolah aja nganggo ragi. Iku panduman peparingingSun saka kagunganingSun kurban sesaosan genenan, iku panduman suci pinunjul, padha kaya kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

18. Anake lanang Harun iku padha mangana, iku dadia pepancen tumrap sira kabeh kanggo ing salawase turun-tumurun saka kurban sesaosan genenan kagungane Sang Yehuwah. Sadhengah wong kang nggepok, iku dadi suci.”

19. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

20. “Iki dadia kurbane Harun lan anak-anake, kang kudu disaosake marang Pangeran Yehuwah samangsa ana kang dijebadi; iku arupa glepung gandum pilihan saprasepuluh efa kagawe kurban dhaharan ajegan, separo ing wayah esuk, separo ing wayah sore.

21. Pangolahe ana ing panggangan nganggo lenga, sawuse kaublek sira ladekna kanggo kurban dhaharan, sawuse kapanggang klawan ditugel-tugel minangka ganda kang ngremenake kagem Pangeran Yehuwah.

22. Lan imam panunggalane anak-anake kang kajebadan nggenteni iku iya nindakna kaya mangkono, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Kabeh kaobonga konjuk marang Pangeran Yehuwah.

23. Saben kurban dhaharan sesaosane imam iku kaobonga kabeh, ora kelilan dipangan.”

24. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

25. “Harun lan para anake iku padha sira dhawuhana, wirasane: Iki pranatan bab kurban pangruwating dosa. Anggone nyembeleh kurban pangruwating dosa iku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing panggonan nyembeleh kurban obaran. Iku kurban kang suci pinunjul.

26. Imam kang nyaosake kurban pangruwating dosa iku kang kudu mangan; pamangane ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.

27. Saben wong kang nggepok daginge kurban iku dadi suci lan saupama getihe ana kang nyiprat ngenani sandhangan, iku sira kumbaha ana ing panggonan kang suci.

maca bab lengkap Kaimaman 6