Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 6:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Saupama ana wong kang gawe dosa lan ora setya marang Sang Yehuwah, sarta selak marang pepadhane bab barang titipane, utawa barang cekelan, ngrampas barang utawa ngebeki baranging liyan kanthi sawenang-wenang,

3. utawa manawa nemu barang kang ilang, mangka selak lan supata goroh bab prakara apa bae kang dilakoni, temah dadi nandhang dosa,

4. manawa marga saka kang mangkono iku dadi gawe dosa lan kaluputan, wong iku nuli mbalekna barange kang wus karampas utawa kang wus diebeki utawa kang katitipake, apadene barang anggone nemu mau,

5. utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli spralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,

6. minangka kurban panebusing kaluputane nyaosna marang Pangeran Yehuwah arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing pepanthane, kang wus dimurwat pangajine, diladekna marang imam kanggo kurban dhendha.

7. Imam banjur ngolehna pirukun wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah, temah bakal oleh pangapura tumrap sadhengah prakara kang wus dilakoni kang njalari kaluputane.”

8. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

9. “Harun lan anak-anake iku sira dhawuhana mangkene: Iki pranatan bab kurban obaran. Kurban obaran iku kudu tansah tumumpang ing geni ing misbyah sawengi muput nganti tekan esuk, genine kajagaa supaya tansah murub.

maca bab lengkap Kaimaman 6