Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 5:5-18 Kitab Sutji (JAV)

5. Dadi manawa kelakon wong mau nganti kaluputan bab salah sawijining prakara, nuli ngakonana apa kang dadi dosane,

6. banjur nyaosna pisungsung marang Pangeran Yehuwah minangka tebusaning dosane mau, arupa wedhus gibas wadon utawa wedhus berok wadon, kanggo kurban pangruwating dosa. kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun marang wong iku, marga saka dosane.

7. Nanging manawa wong mau ora bisa ngaturake wedhus berok utawa wedhus gibas, kanggo panebusing dosa kang wus dilakoni, iku nyaosna marang Sang Yehuwah arupa manuk deruk loro utawa piyik dara loro, siji kanggo kurban pangruwating dosa, siji kanggo kurban obaran.

8. Manuk mau ditampakna marang imam, dene iku nyaosna dhisik kang kanggo kurban pangruwating dosa, dibethota endhase sandhing cengel, nanging aja nganti pedhot.

9. Getihe kurban pangruwating dosa iku salong dikepyurna ing lambunge misbyah, lan getih kekarene diepuha ana ing sikile misbyah, iku dadi kurban pangruwating dosa.

10. Manuk sijine iku kaolaha, kadadekna kurban obaran miturut pranatan. Kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun kanggo wong iku marga saka dosane kang wus dilakoni, temah bakal oleh pangapura.

11. Nanging saupama wong mau ora bisa ngaturake manuk deruk loro utawa piyik dara loro, kang disaosake minangka kurban marga saka anggone dosa iku arupa glepung kang becik dhewe saprasepuluh efa kanggo kurban pangruwating dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit iku kurban pangruwating dosa.

12. Kurbane tumuli ditampakna marang imam lan imam iku njupuka glepung mau sagegem minangka pisungsung pangenget-enget, nuli diobonga ing misbyah ing sadhuwure kurban genenan kagungane Sang Yehuwah; iku kurban pangruwating dosa.

13. Kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun kanggo wong iku marga saka dosane ing bab salah sijine prakara; temah bakal kaapura. Saluwihe kurban iku dadia pandumane imam, padha kaya kurban dhaharan.”

14. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

15. “Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.

16. Prakara kang suci kang njalari dosane iku, kudu dilironi nganggo dipunjuli sapralimane, ditampakna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku sarana wedhus kurban dhendha mau, temah bakal kaapura.

17. Manawa ana wong kang gawe dosa nerak salah sawijining bab kang dadi awisaning Pangeran Yehuwah, sanajan tanpa dirumangsani, iku dadine iya nglakoni kaluputan, lan kudu nanggung kaluputane dhewe.

18. Wong iku nggawaa wedhus gibas lanang siji kang tanpa cacad saka ing pepanthane kang wis ditetepake pangajine, diladekna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku marga saka panggawene kang wus dilakoni kalawan ora kajarag lan ora kasumurupan mau, temah bakal kaapura.

maca bab lengkap Kaimaman 5