Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 5:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Manawa ana wong gawe dosa, marga krungu wong ngipat-ipati, mangka awake dadi saksi, marga nyipati utawa ngerti, nanging ora gelem nglairake katrangan, iku kudu nanggung ing kaluputane dhewe.

2. Utawa saupama ana wong kang nggepok sadhengah kang najis, dadia bathanging sato alasan kang najis, utawa bathange kewan kang najis, apadene bathanging kewan rumangkang nlosor utawa gumremet kang najis, sanadyan ora rumangsa, iku iya najis lan kaluputan.

3. Utawa manawa ana wong kang nggepok sesukering manungsa, iya sadhengaha sesuker kang ndadekake najis, mangka ora rumangsa, nanging wasana banjur rumangsa, iku dadine kaluputan.

4. Utawa manawa ana wong nglairake supata tanpa dipikir anggone ngetokake tembung, dadia bab gawe ala utawa gawe becik, sumpah apa bae kang dilairaike tanpa dipikir iku, tanpa ngrumangsani, nanging wasana banjur rumangsa, iku dadine kaluputan ing salah sawijining bab mau.

5. Dadi manawa kelakon wong mau nganti kaluputan bab salah sawijining prakara, nuli ngakonana apa kang dadi dosane,

6. banjur nyaosna pisungsung marang Pangeran Yehuwah minangka tebusaning dosane mau, arupa wedhus gibas wadon utawa wedhus berok wadon, kanggo kurban pangruwating dosa. kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun marang wong iku, marga saka dosane.

7. Nanging manawa wong mau ora bisa ngaturake wedhus berok utawa wedhus gibas, kanggo panebusing dosa kang wus dilakoni, iku nyaosna marang Sang Yehuwah arupa manuk deruk loro utawa piyik dara loro, siji kanggo kurban pangruwating dosa, siji kanggo kurban obaran.

8. Manuk mau ditampakna marang imam, dene iku nyaosna dhisik kang kanggo kurban pangruwating dosa, dibethota endhase sandhing cengel, nanging aja nganti pedhot.

9. Getihe kurban pangruwating dosa iku salong dikepyurna ing lambunge misbyah, lan getih kekarene diepuha ana ing sikile misbyah, iku dadi kurban pangruwating dosa.

maca bab lengkap Kaimaman 5