Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 27:28-34 Kitab Sutji (JAV)

28. Balik mungguh samubarang kang dimligekake dening sawijining wong sumaos marang Yehuwah saka saperangane darbeke, dadia manungsa, dadia raja-kaya, utawa palemahane, iku ora kena diedol lan iya ora kena ditebus, marga samubarang kang wus dimligekake iku suci pinunjul kagem Sang Yehuwah.

29. Saben wong kang dimligekake, bakal katumpes, iku ora kena ditebus, mesthi diukum pati.

30. Mangkono uga sakehe pisungsung prasepuluhan saka pametune palemahan, dadia kang disebar ing lemah utawa saka pametune kitri, iku kagungane Pangeran Yehuwah, iku pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.

31. Ewadene manawa ana kang arep nebus pisungsunge prasepuluhan iku dipunjulana sapralimane.

32. Mungguh sakehe pisungsung prasepuluhan saka sapi lan wedhus iku saka sakehe kewan kang liwat ing sangisore tekene pangon nalika dietung, iku saprasepuluhe dadia pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.

33. Ora kena dipilih endi kang becik utawa endi kang ala, iya ora kena diijoli; ewadene saupama meksa diijoli, kewan kang diijoli lan kang diijolake iku kabeh dadi sengkeran, ora kena ditebus.”

34. Iku mau pepakon-pepakon kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai tumrap wong Israel.

maca bab lengkap Kaimaman 27