Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 26:8-20 Kitab Sutji (JAV)

8. Wong lima panunggalanira bakal padha mburu wong satus lan wong satus panunggalanira bakal padha mburu wong sepuluh ewu, sarta mungsuhira bakal padha tiwas kabeh dening pedhang ana ing ngarepira.

9. Anadene Ingsun bakal enget marang sira lan ndadekake sira bebranahan sarta tangkar-tumangkar, tuwin Ingsun bakal netepake prasetyaningSun klawan sira.

10. Sira bakal isih padha mangan tandhon pangan saka panen kang dhisik, lan kang dhisik iku lagi sira wetokake, manawa kang anyar wus sira simpen.

11. Apamaneh Ingsun bakal mrenahake Tarub SuciningSun ana ing tengahira, lan panggalihingSun ora bakal kemba mirsani sira.

12. Nanging Ingsun bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.

13. Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya sira aja dadi bature tukon maneh. Ingsun wus mutungake pasangan kang ana ing pundhakira lan lakunira Sunjejegake.

14. Nanging manawa sira padha ora ngrungokake marang Ingsun, lan ora ngestokake sakehe pepakoningSun,

15. manawa sira padha nampik marang katetepaningSun lan atinira padha jeleh ngrungokake pranataningSun, nganti sira padha ora ngestokake pepakoningSun, sarta padha mbubrah prasetyaningSun,

16. Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.

17. Ingsun piyambak bakal nglawan marang sira, nganti sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira; para kang nyengiti sira iku kang bakal nguwasani sira, sira bakal padha keplayu, sanajan ora ana kang mburu marang sira.

18. Anadene manawa ana ing kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa isih padha ora ngrungokake dhawuhingSun, Ingsun bakal maringi pamerdi marang sira luwih dening abot, nganti tikel pitu, marga saka dosanira,

19. sarta Ingsun bakal mutung pangwasanira kang gumunggung, lan langitira bakal Sundadekake kaya wesi, lan buminira kaya tembaga,

20. temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.

maca bab lengkap Kaimaman 26