Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 26:36-46 Kitab Sutji (JAV)

36. Dene wong panunggalanira kang isih urip iku atine bakal Sundadekake miris ana ing nagara-nagarane mungsuhe, nganti kumrasaking kleyang kang kabur ing angin, ndadekake padha keplayu kaya playune wong kang nyingkiri pedhang, sarta bakal padha ambruk sanadyan ora ana kang mburu,

37. bakal padha kesandhung ing kancane lan ambruk kayadene nyingkiri pedhang, sanadyan ora ana kang mburu; sarta sira bakal padha ora bisa ngglawat ana ing ngarepe mungsuhira.

38. Malah sira bakal padha sirna ana ing antarane bangsa liya, lan bakal padha katumpes dening nagarane mungsuhira.

39. Sapira panunggalanira kang isih urip, bakal padha tumpes ana ing tanahe mungsuhira, marga saka salahe dhewe, lan iya awit saka lupute para leluhure, mulane iya bakal padha tumpes kaya leluhure.

40. Nanging samangsa padha ngakoni kaluputane lan kasalahane para leluhure, kang marga saka cidrane marang Ingsun, karodene ngakoni anggone padha nyulayani karsaningSun,

41. Ingsun uga tumandang nglawan wong-wong iku kang banjur Sunbekta menyang ing nagarane mungsuhe -- utawa manawa atine kang ora katetakan iku wus nungkul apadene wong-wong mau wus padha nebus kaluputane,

42. nuli Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang Yakub, lan iya ngengeti prasetyaningSun marang Iskak lan prasetyaningSun marang Abraham, sarta Ingsun ngengeti marang nagarane.

43. Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane; mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun, lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun.

44. Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.

45. Murih kaslametane wong iku Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang para leluhure kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir ana ing ngarepe para bangsa, supaya Ingsun dadi Allahe; Ingsun iki Yehuwah.”

46. Kaya mangkono iku katetepan lan pranatan sarta angger-angger kang padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kang tumindak ana ing antarane Panjenengane lan wong Israel ana ing gunung Sinai lumantar Nabi Musa.

maca bab lengkap Kaimaman 26