Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 26:3-6 Kitab Sutji (JAV)

3. Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,

4. mesthi sira bakal Sunparingi udan ing kalamangsane, satemah palemahanira bakal aweh pametu lan wit-witan ing pakebonanira bakal metu wohe.

5. Mangsane angonira padha nutu bakal nganti nyandhak mangsane ngundhuh anggur lan olehe ngundhuh anggur bakal nganti tumeka mangsane nyebar. Anggonira padha mangan bakal nganti wareg, lan pamanggonira ana ing tanahira bakal kanthi ayem lan tentrem.

6. Karodene Ingsun bakal paring tentrem tata raharja ana ing tanahira, temah sira bakal padha turu kalawan ora ana kang gawe kagetira. Ingsun bakal nyirnakake sarupane kewan galak saka ing nagara kono, apadene nagaranira bakal ora kambah ing pedhang.

maca bab lengkap Kaimaman 26