Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 26:27-44 Kitab Sutji (JAV)

27. Manawa ing sajrone kaanan kang kaya mangkono iku sira isih meksa padha ora ngrungokake dhawuhingSun, lan lakunira isih tetep nyulayani karsaningSun,

28. Ingsun iya bakal tumindak nglawan marang sira kalawan keras lan Ingsun piyambak bakal ngajar marang sira nganti tikel pitu, marga saka dosanira.

29. Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.

30. Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.

31. Kutha-kuthanira bakal Sundadekake jugrugan, lan pepundhenira padha Sungempuri, lan pisungsungira kang gawe rena bakal ora Sunambet.

32. Ingsun piyambak kang bakal ngrusak nagara iku, nganti mungsuhira kang ngenggoni padha kaeraman.

33. Nanging sira bakal Sunsebar ing antarane para bangsa lan Ingsun bakal ngunus pedhang ana ing burinira; dene tanahira bakal dadi cengkar, lan kutha-kuthanira padha dadi jugrugan.

34. Ing kono tanah bakal pulih saka wahanane taun-taun sabate kang wus dilirwakake salawase cengkar, lan salawase sira padha manggon ana ing nagarane para mungsuhira; nuli tanahe bakal ngrasakake sabate sarta taun-taun sabat kang durung tinemu bakal dipulihake.

35. Salawase tanah dadi gempuran tanah iku bakal ngrasakake sabat kang durung dilakoni ing taun-taun sabatira, nalika sira isih padha manggon ing kono.

36. Dene wong panunggalanira kang isih urip iku atine bakal Sundadekake miris ana ing nagara-nagarane mungsuhe, nganti kumrasaking kleyang kang kabur ing angin, ndadekake padha keplayu kaya playune wong kang nyingkiri pedhang, sarta bakal padha ambruk sanadyan ora ana kang mburu,

37. bakal padha kesandhung ing kancane lan ambruk kayadene nyingkiri pedhang, sanadyan ora ana kang mburu; sarta sira bakal padha ora bisa ngglawat ana ing ngarepe mungsuhira.

38. Malah sira bakal padha sirna ana ing antarane bangsa liya, lan bakal padha katumpes dening nagarane mungsuhira.

39. Sapira panunggalanira kang isih urip, bakal padha tumpes ana ing tanahe mungsuhira, marga saka salahe dhewe, lan iya awit saka lupute para leluhure, mulane iya bakal padha tumpes kaya leluhure.

40. Nanging samangsa padha ngakoni kaluputane lan kasalahane para leluhure, kang marga saka cidrane marang Ingsun, karodene ngakoni anggone padha nyulayani karsaningSun,

41. Ingsun uga tumandang nglawan wong-wong iku kang banjur Sunbekta menyang ing nagarane mungsuhe -- utawa manawa atine kang ora katetakan iku wus nungkul apadene wong-wong mau wus padha nebus kaluputane,

42. nuli Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang Yakub, lan iya ngengeti prasetyaningSun marang Iskak lan prasetyaningSun marang Abraham, sarta Ingsun ngengeti marang nagarane.

43. Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane; mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun, lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun.

44. Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.

maca bab lengkap Kaimaman 26